Pendakian Gunung Semeru (3676mdpl)




 



Gunung Semeru, sapa sing ora ngerti gunung iki ? gunung kang dadi punjere cagak ing pulo jawa miturut kapitayan masarakat Tengger. Uga antuk gelar dadi gunung paling dhuwur dhewe ing pulo jawa (3676mdpl), nambahi sakral lan wingite gunung iki.



1. Malabar...

Setu, 14 Juli 2012, jam 10 bengi, aku lan loro kancaku wes sumadya ing plataran Stasiun Klaten. Thenguk-thenguk nunggoni ula wesi kang miturut jadwal keberangkatan bakal mampir stasiun jam 12 bengi. Ora mokal menawa budhalku muncak tanpa persiapan babar blas, amarga seminggu sadurunge ana kegiyatan ing jogja. Dina setu isuk bali saka Semarang menyang Klaten numpak bis ekonomi, sorene tekan ngomah, banjur bengine langsung pamit bapak ibu.
 
Budhalku iki ora kok tanpa ana alesan, larah-larahe amarga netepi kewajiban sing tak gawe dhewe minangka aku nyabet emas ing adicara PIMNAS (Pekan Ilmiah Mahasiswa Nasional) ing jogja. Sadurunge lomba, aku ngucap -nazar- "Nek aku nganti oleh emas utawa juara siji ing PIMNAS, bakalane Gunung Semeru tak pecakane mbuh piye carane...!"
Alhamdulilah dongaku kabul, banjur aku eling marang janjiku dhewe menawa kudu mecaki gunung ing Jawa Timur iku. Kayata tumbu oleh tutup, kancaku loro mau yawes siyaga lan saguh ngancani mecaki gunung kasebut.

Jam rolas punjul 10, petugas stasiun ngandharake menawa Kreta Malabar jurusan Malang bakal telat mampir stasiun. Aku lan loro kancaku mung ilu-ilu kapiluyu, manut wae marang petugas stasiun. Sekon dadi menit, menit dadi jam, tansah ngantu-antu tekaning Malabar. 



Pungkasane, jam setengah siji keprungu klaksone Malabar, "Poooomm... pooommm...!!" Dilah soroting lampu kreta nrabas saindenging track kreta ing stasiun. Saya suwe saya rendhet lakune, mratandhani menawa ula wesi mandheg ing stasiun. "Jessssss......!! Ciiitt....!" Kreta mandheg bebarengan bumbunge peluk putih ing mesin kreta.
Pol Teng ! jam setengah siji aku lan loro kancaku gage-gage munggah gerbong, Tas Ransel Gigant Eiger ukuran 100 liter langsung digembol sowang-sowang. Pancen olehe gerbong mung kelas ekonomi, ya jumbuh karo dhuwit sing digawa, hehe.. Iku wae oleh gerbong paling buri dhewe, ning ya rapapa, nek wes seneng jajah desa milangkori kabeh pambengan bakal disigeg kanthi manah kang mongkog.

Malabar jurusan Malang, kreta kang dipontho dadi kelas VIP, Bisnis lan ekonomi campur dadi sak kreta, mung urutan gerbonge wiwit saka gerbong ngarep dhewe yaiku VIP, nganti gerbong buri dhewe kelas ekonomi.  Klaten-Malang via kreta udakara 8 jam, aku lan loro kancaku langsung golek lungguhan miturut tiket sowang-sowang, karepe bisa ngaso utawa turu amarga wes wengi lan kareben sesuke awak dadi fit maneh. Ananging kahanan kelas ekonomi jebul beda karo asaku, saben menit mesthi ana pedhagang asongan ider jajanane, karo bengak-bengok sliwar-sliwer nawakake abrak sing digembol. 

"Yang dingin..yang dingin.. Aqua.. mezon..Aqua..Mezon..!!" "kacang godhog..kacang godhog.. Tahu asin..tahu asin.. arem-arem...!!"

Kahanan kang kaya mengkono njalarake mripat angel dianglerke, mata ruwet pikiran cupet. Kosokbaline karo loro kancaku mau sing wes angler wiwit budhale kreta saka stasiun Klaten.


"Pungkasane, jam setengah siji keprungu klaksone Malabar, "Poooomm... pooommm...!!" Dilah soroting lampu kreta nrabas saindenging track kreta ing stasiun. Saya suwe saya rendhet lakune, mratandhani menawa ula wesi mandheg ing stasiun. "Jessssss......!! Ciiitt....!" Kreta mandheg bebarengan bumbunge peluk putih ing mesin kreta."





2. Kapusan...
Jam enem isuk Malabar nrabas Kabupaten Malang, hawa adem kutha Malang njalari tangiku, apamaneh lungguhanku cedhak karo lawang sepur kang mbukak 24 jam. Ananging ora mung merga adem aku bregas tangi, ana bab liya sing gawe manah mongkog, yaiku kaendahane desa lan kutha malang. Wiwit saka tegalan, pasar, nganti gedhong-gedhong tumata kanthi tata, titis, tatas lan jumbuh karo julukan kutha Malang yaiku paris van east java.

Pungkasane, jam setengah wolu, rombongan wes tekan stasiun Malang Jawa Timur. Perjalanan banjur dilanjutake numpak angkot nuju Pasar Tumpang. Ing ngarep gerbang stasiun, angkot-angkot wes siyaga nyegat penumpang-penumpang. Aku lan kanca-kanca banjur nyegat salah siji angkot ing empering stasiun, asaku mbayar angkot padatan mung 2.500 nganti 5000 rupiyah, larang-larang ya 6000 rupiyah. Eh.. lha kok angkot sing tak tumpaki iki njaluk bayaran kang ora lumrah, panemuku mbokmenawa aku lan kanca-kanca gawa ransel gedhe-gedhe, ketok kaya wong adoh, ora mokal yen sopir angkot oleh penumpang njaba kutha mesthi gawe rega dhewe.

"Mas... iki nek arep neng Pasar Tumpang adoh mas.. aku rawani nek gur nemewu per gundhul Mas.. soale jarake adoh Mas.. tenan .. Aku gak ngapusi.... "

Bola-bali panyambate Pak Sopir, ning ya kepiye maneh ? wes kadung mlebu angkot, nek dipeksa ya malah dadi ati.
Kasunyatan bareng dimat-matke jarak antarane Stasiun menyang pasar tumpang mung selawe menit. adoh saka ngendi hara ?  Tekan pasar tumpang anane gur grenengan masalah bayaran mau.

"Sesuk-sesuk meneh aja gelem diapusi ya ? wong gur cerak kok njaluk pitung puluh ewu... " Panyambate kancaku..

Jer basuki mawa bea, kabeh kekarepan ya kudu ana pengorbanan, kira-kira kaya ngono kuwi kahanan sing tak rasakake. Ing atase gur pengen munggah Semeru ana-ana wae pambengan sing diadepi.


"Mas... iki nek arep neng Pasar Tumpang adoh mas.. aku rawani nek gur nemewu per gundhul Mas.. soale jarake adoh Mas.. tenan .. Aku gak ngapusi.... "



3. Segara Bromo

"Cincing-cincing meksa klebus, duwe karep bisa ngirid-ngirid sangu sing digawa, mung wae meksa entek akeh gara-gara ngangkot iki mau." Kira-kira paribasan mau jumbuh marang kedadeyan anuju Pasar Tumpang.  Aku dhewe ngerti marang kahanan ngono kuwi, yen lelungan apa maneh munggah gunung mesthi kudu duwe sangu sing cukup. Ya sangu materi, sangu awak waras lan liyan-liyane, ora kok gur angger-angger nekad. Mula ngadepi pambengan kaya ngono mau tansah lilalegawa.

Angkot plat AE mau mandheg ing ngarep pomahan, watara selawe menit saka stasiun. Pomahan iku kaya pomahan lumrahe, mung wae ing plataran ana Trek Modhel Dyna Rino werna kuning. Ing jero bak Trek tak deleng ana tas-tas gedhe lan pawongan nganggo PDL ireng lan soklat saweg ngadeg gujengan wesi pinggir bak. Asaku paling ya arep mancal semeru.
Pancen tlatah Tumpang kene asring dinggo pos pemberhentian sementara sadurunge menyang pos Ranu Pane. Ing pos kene disedyani Jeep-jeep kanggo transport nuju Pos Ranu Pane utawa Cemara Lawang, amarga dalane pancen nanjak lan nggegirisi, mula kudu nganggo mobil kang rosa kaya mobil modhel jeep.

Nanging yen kepengin rada murah sewan transport, ya bisa nunut Trek-Trek para petani, yen nganggo jeep ya kudu nyepakake 250.000 nganti 500.000 rupiyah kanggo wong 4 nganti 8, kuwi wae durung mesthi sak jeg sak klek ana Jeep sing mampir pos, kudu ngenteni dhisik. Wondene nganggo Trek mung nyepakake 25.000 nganti 30.000 rupiyah sak wonge.
Aku lan loro kancaku milih Trek kanggo nuju pos Ranu Pane, amarga luwih murah tinimbang nganggo jeep. hehe..
Trek sing tak tumpaki iki katon gereng, sanajan wis lawas nanging mesine katon bregas, kethithik saka suwarane, mula ya ora maido yen dalane njejel sepira wae tetep rosa.

Trek Dyno Rino nrabas njejele dalan pasir krikil, lakune thimak-thimik tansah gremet lemah pasir. Aku lan kanca-kanca wis sumadya blebet rai amarga bledhug mobal mabul ing bak trek. Kahanan kang kaya mengkono nambahi gregeting manah kayata jamur ing mangsa ketiga, arang banget kedadeyan ngono iku.
Aku dhewe manggon ana ngarep, bareng Pak Sopir, asaku nek panggon ngarep genah ora klilipen, nanging ora pati ngerti kahanan jaba amarga sesawangan ora wiyar nek panggon ngarep, beda karo neng buri, bisa tolah-toleh kanthi mardika ing penggalih.


Ngetrek bareng Pak Sopir


Yen nekad nyepedha motor (waca:akeh sing tiba)




  


4. Ranu Kumbolo

Pos Ranu Pane, pos sepisan sadurunge munggah Semeru. Ing pos iki disedyani bangunan-bangunan kanggo ngaso para pendaki, kajaba iku uga ana toko-toko souvenir khas gunung semeru ; gantungan kunci, stiker, mug, kaos, slayer, lsp. Ana kang wigati maneh menawa ana pos kene , yaiku kantor wanawisata gunung semeru. Ing kene para pendaki wajib lapuran menawa arep mancal semeru.

Ing ngarep loket keprungu suarane petugas wanawisata, 
"Untuk biaya pendakian dikenakan tarif Rp 25.000,00 dan kalau ada tambahan kamera dsb, harus membayar biaya tambahan Rp 5.000,00 "

"Hmm.. lagi pisan iki bayare lumayan larang"

Ransel eiger tak gembol menyang gubug cilik ngarep Pos Arcapadha, tak deleng ing ngarep pos arcapadha saweg ana pasamuan, ana rombongan saka Trans 7 syuting, " wah.. rombongan jejak petualang.."
nanging panemuku rombongan kuwi saweg packing tata-tata mulih.

Jam loro awan, panase srengenge kesigeg dening kabut Ranu Pane kang nggegirisi. Hawa atis rumasuk jiwa, meksa awak ngaso ing gubug iki. Ing jero gubug ubarampe ing ransel tak dudah supaya bisa nata kanthi posisi kang pas. wiwit saka dum, kompor lapangan, nesting, mantol, sleeping bad, matras lsp. Pancen packing barang ngene iki bab kang wigati, amarga yen mung angger gembol tas tanpa ngerti teknik natane ya malah rekasa.

Jam 3 polteng, rombongan wis siyaga ing ngarep gubug. miturut rencana, lampah menyang pos Ranu kumbolo udarkara 3 jam, kira-kira tekan kana pas maghrib. Aku lan kanca-kanca



 






 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar