![]() |
Sri Susuhunan Pakubuwana IV |
Dhandhanggula
1. Pamedhare wasitaning ati, cumanthaka aniru pujangga, dahat mudha ing batine, nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka basa kang kalantur, tutur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita.
arti : Wetuning piwulang iki, saka mosiking panggalih kang kuminter, anulad kayadene kapinteraning Pujangga, ing mangka satemene saka banget bodhone. Nanging panggalihe tansah den gunggung dhewe, ora weruh yen satemene akeh kang padha anggeguyu, ewadene kumudu-kudu anganggit piwulang kang wus sumebar wiwit ing jaman kuna nganti tumeka saiki, lan kang wus lumrah padha den anggo ing akeh, banjur den cathet sarta den tlateni kanthi sabaring panggalih, supaya njalari bisa padhang sasmita.

2. Sasmitaning ngaurip puniki, yekti ewoh yen nora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen dorapan sampurneng dhiri, ing kauripana.
arti : Amarga tumrap wong urip iku, yen nganti ora mangerti marang sasmitaning Pangeran, dadine wmung sarwa pekewuh, kena den arani ora bisa jumenengake uripe. Ewodene akeh wong kang ngaku-aku rumangsa padha wus ngerti marang sasmita. Ing mangke satemene durung olah rasa kang sajati, dene ing sajroning rasa mau isi surasane Sabda kang temen, iku upayanen bisa uga dadi ing kasampurnane, kang tumrap marang kauripan.

3. Jroning Qur'an nggoning rasa jati, nanging pilih wong kang uninga, kajaba lawan tuduhe, nora kena binawur, ing satemah nora pinanggih, mundhak katalunjukan, temah sasar susur, yen ayun waskitha, kasampurnaning badanira puniki, sira anggegurua.
Ana dene ing sajroning Kur'an iku enggoning keyakten, yaiku dalil : dhawuh pangandikaning Allah kang minangka dadi wewaton. Nanging iya pilih-pilih kang bisa mangerti, kajaba yen den tuduhake. Lan ora kena yen mung den kira-kira ing sajroning ati wae, wekasane malah kedaut-daut ora mangerti, utawa malah saya kisruh. Ewadene yen padha arep marsudi putusing uripira, wajibe maguruwa.

Nanging yen sira nggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing ukum, kang ibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, iya kang wus mungkur, tan mikir paweweh ing lyan iku pantes yen den guronana kaki, sartane kawruhira.
Lamun ana wong micara kaki, tan mufakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipunbaresih, limbangen ingkang papat, prakara rumuhun, dalil khadis lan ijemak, lan kiyase papat iku salah siji, adate kang mufakat.
Ana uga kena den antepi, yen ucula kang patang prakara, enak legatane, tan wurung tinggal wektu, penganggepe wus angekoki, aja kudu sembahyang, wus salat katanggung, banjure mbuwang sarengat, batal kharam nora nganggo den rawati, mbubrah sakehing tata.
Angel temen ing jaman puniki, Kyai Guru kang ngupaya sahbar, temen kaweleh karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna yekti si murid, ingkang padha ngupaya, kudu anggeguru, ing mangko kita nora, Kyai Guru kang nrutul ngupaya murid, dadiya kanthinira.
Dening Sri Susuhan Pakubuwana IV
miturut babon asli kagungan Dalem Nyai Adipati Sedahmerah.