3. Segara Bromo
"Cincing-cincing
meksa klebus, duwe karep bisa ngirid-ngirid sangu sing digawa, mung wae
meksa entek akeh gara-gara ngangkot iki mau." Kira-kira paribasan mau
jumbuh marang kedadeyan anuju Pasar Tumpang. Aku
dhewe ngerti marang kahanan ngono kuwi, yen lelungan apa maneh munggah
gunung mesthi kudu duwe sangu sing cukup. Ya sangu materi, sangu awak
waras lan liyan-liyane, ora kok gur angger-angger nekad. Mula ngadepi pambengan kaya ngono mau tansah lilalegawa.
Angkot
plat AE mau mandheg ing ngarep pomahan, watara selawe menit saka
stasiun. Pomahan iku kaya pomahan lumrahe, mung wae ing plataran ana
Trek Modhel Dyna Rino werna kuning. Ing
jero bak Trek tak deleng ana tas-tas gedhe lan pawongan nganggo PDL
ireng lan soklat saweg ngadeg gujengan wesi pinggir bak. Asaku paling ya
arep mancal semeru.
Pancen tlatah Tumpang kene asring dinggo pos pemberhentian sementara sadurunge menyang pos Ranu Pane. Ing pos kene disedyani Jeep-jeep kanggo transport nuju Pos Ranu Pane utawa Cemara Lawang, amarga dalane pancen nanjak lan nggegirisi, mula kudu nganggo mobil kang rosa kaya mobil modhel jeep.
Nanging yen kepengin rada murah sewan transport, ya bisa nunut Trek-Trek para petani, yen nganggo jeep ya kudu nyepakake 250.000 nganti 500.000 rupiyah kanggo wong 4 nganti 8, kuwi wae durung mesthi sak jeg sak klek ana Jeep sing mampir pos, kudu ngenteni dhisik. Wondene nganggo Trek mung nyepakake 25.000 nganti 30.000 rupiyah sak wonge.
Aku lan loro kancaku milih Trek kanggo nuju pos Ranu Pane, amarga luwih murah tinimbang nganggo jeep. hehe..
Trek sing tak tumpaki iki katon gereng, sanajan wis lawas nanging mesine katon bregas, kethithik saka suwarane, mula ya ora maido yen dalane njejel sepira wae tetep rosa.
Trek Dyno Rino nrabas njejele dalan pasir krikil, lakune thimak-thimik tansah gremet lemah pasir. Aku lan kanca-kanca wis sumadya blebet rai amarga bledhug mobal mabul ing bak trek. Kahanan kang kaya mengkono nambahi gregeting manah kayata jamur ing mangsa ketiga, arang banget kedadeyan ngono iku.
Aku dhewe manggon ana ngarep, bareng Pak Sopir, asaku nek panggon ngarep genah ora klilipen, nanging ora pati ngerti kahanan jaba amarga sesawangan ora wiyar nek panggon ngarep, beda karo neng buri, bisa tolah-toleh kanthi mardika ing penggalih.

Ngetrek bareng Pak Sopir |
Yen nekad nyepedha motor (waca:akeh sing tiba) |
crita sajangkepe ing : http://ngulandara.blogspot.com/p/pendakian-gunung-semeru-3676mdpl.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar