Jumat, 07 September 2012

Semeru part 2

 Kapusan...
Jam enem isuk Malabar nrabas Kabupaten Malang, hawa adem kutha Malang njalari tangiku, apamaneh lungguhanku cedhak karo lawang sepur kang mbukak 24 jam. Ananging ora mung merga adem aku bregas tangi, ana bab liya sing gawe manah mongkog, yaiku kaendahane desa lan kutha malang. Wiwit saka tegalan, pasar, nganti gedhong-gedhong tumata kanthi tata, titis, tatas lan jumbuh karo julukan kutha Malang yaiku paris van east java.

Pungkasane, jam setengah wolu, rombongan wes tekan stasiun Malang Jawa Timur. Perjalanan banjur dilanjutake numpak angkot nuju Pasar Tumpang. Ing ngarep gerbang stasiun, angkot-angkot wes siyaga nyegat penumpang-penumpang. Aku lan kanca-kanca banjur nyegat salah siji angkot ing empering stasiun, asaku mbayar angkot padatan mung 2.500 nganti 5000 rupiyah, larang-larang ya 6000 rupiyah. Eh.. lha kok angkot sing tak tumpaki iki njaluk bayaran kang ora lumrah, panemuku mbokmenawa aku lan kanca-kanca gawa ransel gedhe-gedhe, ketok kaya wong adoh, ora mokal yen sopir angkot oleh penumpang njaba kutha mesthi gawe rega dhewe.

"Mas... iki nek arep neng Pasar Tumpang adoh mas.. aku rawani nek gur nemewu per gundhul Mas.. soale jarake adoh Mas.. tenan .. Aku gak ngapusi.... "

Bola-bali panyambate Pak Sopir, ning ya kepiye maneh ? wes kadung mlebu angkot, nek dipeksa ya malah dadi ati.
Kasunyatan bareng dimat-matke jarak antarane Stasiun menyang pasar tumpang mung selawe menit. adoh saka ngendi hara ?  Tekan pasar tumpang anane gur grenengan masalah bayaran mau.

"Sesuk-sesuk meneh aja gelem diapusi ya ? wong gur cerak kok njaluk pitung puluh ewu... " Panyambate Mas kancaku..

Jer basuki mawa bea, kabeh kekarepan ya kudu ana pengorbanan, kira-kira kaya ngono kuwi kahanan sing tak rasakake. Ing atase gur pengen munggah Semeru ana-ana wae pambengan sing diadepi.




"Mas... iki nek arep neng Pasar Tumpang adoh mas.. aku rawani nek gur nemewu per gundhul Mas.. soale jarake adoh Mas.. tenan .. Aku gak ngapusi.... "

Tidak ada komentar:

Posting Komentar