Kamis, 06 September 2012

Pendakian Gunung Jambudipa (baca : Semeru) Part 1


Ing bab sadurunge, aku nulis babagan pengalamanku setahun kuliah ana ing Semarang. Aku ya ora mokal menawa sejatine iseh akeh pengalaman-pengalaman kang durung bisa kababar ing bab sadurunge, ananging kanthi ancas budidaya supaya tulisan iki ora monoton, prayogane digawe variasi anggonku gladhen nulis. Mbokmenawa babagan pengalaman ing bab Kampus bisa kababar ing liya dina.
Tulisanku sadurunge uga mawa basa Indonesia. Tapi ing bab iki, aku bakalane -ajar- nulis kanthi gunakake tetembungan mawa basa jawa, mligine basa jawa tengah.

 



Gunung Semeru, sapa sing ora ngerti gunung iki ? gunung kang dadi punjere cagak ing pulo jawa miturut kapitayan masarakat Tengger. Uga antuk gelar dadi gunung paling dhuwur dhewe ing pulo jawa (3676mdpl), nambahi sakral lan wingite gunung iki.


Malabar...
Setu, 14 Juli 2012, jam 10 bengi, aku lan loro kancaku wes sumadya ing plataran Stasiun Klaten. Thenguk-thenguk nunggoni ula wesi kang miturut jadwal keberangkatan bakal mampir stasiun jam 12 bengi. Ora mokal menawa budhalku muncak tanpa persiapan babar blas, amarga seminggu sadurunge ana kegiyatan ing jogja. Dina setu isuk bali saka Semarang menyang Klaten numpak bis ekonomi, sorene tekan ngomah, banjur bengine langsung pamit bapak ibu.
 
Budhalku iki ora kok tanpa ana alesan, larah-larahe amarga netepi kewajiban sing tak gawe dhewe minangka aku nyabet emas ing adicara PIMNAS (Pekan Ilmiah Mahasiswa Nasional) ing jogja. Sadurunge lomba, aku ngucap -nazar- "Nek aku nganti oleh emas utawa juara siji ing PIMNAS, bakalane Gunung Semeru tak pecakane mbuh piye carane...!"
Alhamdulilah dongaku kabul, banjur aku eling marang janjiku dhewe menawa kudu mecaki gunung ing Jawa Timur iku. Kayata tumbu oleh tutup, kancaku loro mau yawes siyaga lan saguh ngancani mecaki gunung kasebut.

Jam rolas punjul 10, petugas stasiun ngandharake menawa Kreta Malabar jurusan Malang bakal telat mampir stasiun. Aku lan loro kancaku mung ilu-ilu kapiluyu, manut wae marang petugas stasiun. Sekon dadi menit, menit dadi jam, tansah ngantu-antu tekaning Malabar. 

Pungkasane, jam setengah siji keprungu klaksone Malabar, "Poooomm... pooommm...!!" Dilah soroting lampu kreta nrabas saindenging track kreta ing stasiun. Saya suwe saya rendhet lakune, mratandhani menawa ula wesi mandheg ing stasiun. "Jessssss......!! Ciiitt....!" Kreta mandheg bebarengan bumbunge peluk putih ing mesin kreta.
Pol Teng ! jam setengah siji aku lan loro kancaku gage-gage munggah gerbong, Tas Ransel Gigant Eiger ukuran 100 liter langsung digembol sowang-sowang. Pancen olehe gerbong mung kelas ekonomi, ya jumbuh karo dhuwit sing digawa, hehe.. Iku wae oleh gerbong paling buri dhewe, ning ya rapapa, nek wes seneng jajah desa milangkori kabeh pambengan bakal disigeg kanthi manah kang mongkog.

Malabar jurusan Malang, kreta kang dipontho dadi kelas VIP, Bisnis lan ekonomi campur dadi sak kreta, mung urutan gerbonge wiwit saka gerbong ngarep dhewe yaiku VIP, nganti gerbong buri dhewe kelas ekonomi.  Klaten-Malang via kreta udakara 8 jam, aku lan loro kancaku langsung golek lungguhan miturut tiket sowang-sowang, karepe bisa ngaso utawa turu amarga wes wengi lan kareben sesuke awak dadi fit maneh. Ananging kahanan kelas ekonomi jebul beda karo asaku, saben menit mesthi ana pedhagang asongan ider jajanane, karo bengak-bengok sliwar-sliwer nawakake abrak sing digembol. 

"Yang dingin..yang dingin.. Aqua.. mezon..Aqua..Mezon..!!" "kacang godhog..kacang godhog.. Tahu asin..tahu asin.. arem-arem...!!"

Kahanan kang kaya mengkono njalarake mripat angel dianglerke, mata ruwet pikiran cupet. Kosokbaline karo loro kancaku mau sing wes angler wiwit budhale kreta saka stasiun Klaten.


Pungkasane, jam setengah siji keprungu klaksone Malabar, "Poooomm... pooommm...!!" Dilah soroting lampu kreta nrabas saindenging track kreta ing stasiun. Saya suwe saya rendhet lakune, mratandhani menawa ula wesi mandheg ing stasiun. "Jessssss......!! Ciiitt....!" Kreta mandheg bebarengan bumbunge peluk putih ing mesin kreta.

ana candhake.....


Tidak ada komentar:

Posting Komentar